Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2015

Contoh Cerkak Bahasa Jawa

ROTI PACE                 Wengi iku aku wis pegel, tapi mara-mara aku dikandani kanca-kanca yen mene iku ana ulangan matematika lan tugas wirausaha. aku bingung, sebabe aku durung sinau matematika, lan aku ana dispen terus sing garai aku ora tau melu pelajaran. Akhire aku gak sinau, lan diskusi masalah tugas wirausaha karo kelompokku, kita gawe panganan roti keju. Terus, dibagi bahan-bahan sing kudu digawa. Aku kebagiyan gawa terigu, sauntara Erlin gawa keju.             Dina iku wayahe matematika, aku kepeksan melu ulangan. Aku wis pasrah masio mengko hasile elek. Pas gurune rawuh, aku ngejer. Barang soale dibagi, uuh.. soale angel tenan. “nomer siji jawabane apa cah?” kanca mburiku nyaduk-nyaduk bangkuku. “sik ta, aku ya ora isa” jawabku. Akhire, dak jawab kabeh soale, masio aku ngerti aku ora bakal entuk biji ndukure 50. Sak marine ulangan matematika, Erlin kanda yen dheweke tuku keju sing regane 150 ewu. “Masya Allah lin, lin. Mbok yo dipikir nek arep tuku apa-apa, ngeneiki aw